Piwulang ing Serat Wedhatama “Pangkur”

Amanah/Piwucal Tembang

Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, ana uga angger ugering keprabon, abon-aboning panembah, kang kambahing siang ratri.

Wonten tembang ing nginggil saget kapendhet amanah saha piwucalipun mekaten:

  1. Kita kedah ngangsu  kawruh kanthi saestu supados saget manggihaken katentremaning batos.
  2. Sampun ngantos rumaos cekap kanthi ngelmu ingkang dipunkagungi.
  3. Ngupadi ngelmu mboten wonten lerenipun, awit ngelmu menika terus ngrembaka seiring kaliyan perkembangan jaman.
  4. Sansaya kathah ngelmu ingkang dipunpadosi sansaya kirang kathah babagan menapa kemawon ingkang dereng dipunmangretosi..
  5. Ngupadi ngelmu kedah kanthi cara ingkang sae.
  6. Ngupadi ngelmu ugi kedah dipunukur kaliyan kemampuan pribadi.
  7. Ngangsu kawruh kedah matuhi angger-angger ingkang sampun dipungarisaken dening pamarintah.
  8. Menawi badhe ngangsu kawruh ingkang sae-sae kemawon, supados saget dipuncakaken wonten ing bebrayan agung.
  9. Kawruh ingkang saget dipunsinau mboten namung ingkang saget dipuncakaken dumateng diri pribadinipun piyambak kemawon, nanging wonten ugi paugeran-paugeran negari ingkang kedah dipuntindakaken sadaya masyarakat.
  10. Menawi ngangsu kawruh kedahipun ugi jangkep, mboten namung kangge urusan kadonyan nanging ugi kedah ngantos ubarampe kangge ngibadah kedah dipun sinau kanthi saestu, amargi menika dipunginakaken menawi nindakaken ibadah ing siang dalu.
  11. Kita kedah saget meper hawa nepsu dhateng sedaya ingkang gegayutan kaliyan kadonyan. Rumaos cekap, mboten ngaya menika saget damel sekeca ing manah.

Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tepaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.

Wonten tembang ing nginggil saget kapendhet amanah saha piwucalipun makaten:

  1. Sedaya ilmu menika kedah dipunpersudi kanthi saestu, menawi wonten ingkang dereng paham kedah dipunsuwunaken priksa dhateng para winasis ingkang mumpuni ing babaganipun.
  2. Kedah dhateng tiyang ingkang mumpuni ing babaganipun, menika amargi kangge ngawekani bab-bab ingkang mboten sae ing tembe.
  3. Tiyang sae menika titikanipun saget ngendhaleni hawa nepsunipun.
  4. Kunci kangge saget ngendhaleni utawi meper hawa nepsu menika naming kanthi setunggal cara kemawon, inggih menika kanthi ngangsu kawruh agami.
  5. Menawi badhe nuladha dumateng satunggaling piyantun sanes, kedah piyantun ingkang sakyektos sae saha pantes kangge patuladhan
  6. Ingkang kedah dipunmangretosi kanthi saestu dumateng sinten kemawon ingkang nembe pados ngelmu inggih menika kedah kiyat anggenipun meper nawa nepsu
  7. Ngupadi ngelmu / ngangsu kawruh mboten kedah dhateng piyantun ingkang sampun sepuh kemawon,  nanging saget ugi dhateng piyantun  ingkang taksih timur utawi ugi saget dhateng tiyang ingkang asor kastanipun sauger kawruhipun menika sae.

Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning jiwangga, yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.

Wonten tembang ing nginggil saget kapendhet amanah saha piwucalipun makaten:

  1. Sasampunipun pikantuk ngelmu agami kedah enggal-enggal dipuntindakaken wonten ing panggesangan.
  2. Kuwajiban salajengipun ugi kedah nyebaraken kawruh menika dhateng tiyang sanes.
  3. Mboten namung saget mituturi kemawon, nanging kedah ugi saget dados patuladhan ingkang sae supados saget milut  tiyang kanthi kesadaran piyambak nindakaken ngelmu agami menika kalawau.
  4. Nindakaken dhawuhing agami kedah ikhlas, tulus lair dumugi ing batos, wiwit gesang ngantos dumugining pejah.
  5. Nindakaken dhawuhing agami mboten naming kangge diri pribadi, nanging kedah  dipuntrapaken dhateng kluwarganipun ugi.
  6. Ngelmu agami kedah dipuncepeng, dipundadosaken gegaranipun gesang ngantos dumuginipun pejah.
  7. Menawi sampun saget nindakaken sedaya kalawau, sampun saget dipunwastani piyantun sepuh.
  8. Sepuh ing mriki ingkang saget dipunsebat ulama, inggih punika tiyang ingkang saget meper hawa nepsunipun, langkung nengenaken panggesangan akherat, saget nebihi nepsu kadonyanipun, lan ugi kanthi tulus ikhlas nindakaken dakwah agami.
  9. Sanesipun menika ingkang dipunwastani tiyang sepuh menika, tiyang ingkang saget ningali antawisipun bab-bab ingkang leres kaliyan ingkang lepat

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s